Sabtu, 29 Maret 2014

CERITA PENDEK PENGALAMAN PRIBADI [CERKAK] “SABAR LAN IKHLAS

Jenengku Sri Budiasih, garwaku Muhammad Mukhid, aku duwe anak telu, sing  nomer siji lanang wektu iki lagi nandang kuliah, sing nomer loro lagi sekolah Aliyah lan nyantri ing pondok pesanten sawijining deso ing kutho Gubug.
Penggaweanku mulang dadi guru RA ing daerah Bulusari, Sayung.sing papan panggonane ing sak jeroning papan pangonane MI lan Balai deso.
Saben dino mangkat mulang jam 6.30 soko omah. Sabar nemoni murid sing tambeng, budeng, lan aleman. Ugo ikhlas anggone nandangi piwulangan saben dino kuwi mau.
 Budal soko sekolahan jam 10.30, jarak sekolahanku nganti tekan omah seprapat jam.ing sakmono aku tekan omah ora banjur lekar- lekar. Tekan omah aku banjur salin ganti pakaian, terus nyandak tas blanjan bablas menyang pasar. Aku nyambi dodolan MIE AYAM nek sore, kanggo mbiantu garwaku kanggo nambahi keuangan keluargo, yo benero garwaku nyambut gawe.olehe ngene iki supoyo kebutuhan keluargo sing kepitung bisoo nutup.aku yo ngedep bensin barang.
Sak jeroning penggaweanku sing dodol mau, aku duwe crito akeh banget. Ora liyo maneh di kon ‘SABAR lan IKHLAS.
Kenopo ora? Ngene critane, aku mulai bukak warung jam 16.00 yo wektu kuwi wayah wong kerjo wis podo mulih. Durung nganti wengi aku ngenteni wong liwat  podho tuku. Wis rodo suwe Alhamdulillah ono wong menggok , sing takkarepke wong iki bakale njajani warungku.
Wong kuwi mau langsung lingguh lan pesen, ora sungkan- sungkan aku langsung nggawe ake, pesenane werno- werno.. es teh, mie ayam. Wonge mau nyambi mangan njlenggut panganan liyane ora itungan. Tak lirik wae, aku ora wani ngelokake samarku nek tersinggung.
Basan wis rampung olehe mangan pesenane mau, wong kuwi mau  njaluk rokok sak peneng, yo tak jupukake ,sak jeroning atiku yo seneng , wong yo kepayon.
Basan wis rampung wong kuwi mau ngadeg, arep lungo, tak sopo ; “Ajeng tindak pundi pak? Dheweke nyauri,” arep mulih.” Tak takoni meneh, “Lho pak penjenengan dereng mbayar.” Dheweke nyauri,” sok mben.” Karo nggleler lungo. Sak jeroning atiku kaget, gumun, lan gak percoyo, iki wong waras opo wong suwag. Wong wis mangan akehe koyo ngono ora mbayar. Jebul ono wong omong, wong kuwi mau ora waras.
Durung suwe kejadian kuwi tak lalekake, ono wong sing mlaku nuntun sepeda montore..tak deloki soko adoh- adohan. Tekan cedak tak deloki wonge kemringet abang ireng pasuryane.. tak takoki  wonge terus mbukak jok, pertondho wong kuwi mau butuh bensin. Bensin wis tak sok, tak omongi “Pitungewu mas.” Wonge malah tambah abang ireng karo klincutan..dheweke ngrogoh- ngrogoh kasakke nyambi ngelungke HP lan ngomong “ bu nyuwun tulung kulo mbeten bekto arto, namung niki kulo mbekto HP mbenjang kulo pendhet.“ aku ngandel wae. Wong sing tuku bensin mbayare karo HP kuwi mau terus pamitan lungo karo muni matur nuwun. Let sedhelok garwaku rawuh, terus tak critani babagan kedadean mau, HPne terus di prikso garwaku, jarene HP kuwi mau rusak, koco layare pecah, wis pokoke nek di dol ora payu.

Astaghfirulloh, jebul aku diapusi wong ora legewo. Bola bali aku  kapusan. Yo wis ora opo- opo, Gusti Allah bakal ngijoli .
Wis critoku mau ora gresah gresuloku , namung crito lucu ngedhepi jaman edan. Mugo-mugo sakkabehe minongko ujud belajarku anggone netepi ilmu “ SABAR lan IKHLAS lan dadi amal sodaqohku.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar